SUKUR
marang GUSTI
ikun WAJIB
Sesorah ku tembung lya
saka pidhato. Pidhato ku medharake gagasan sarana lesan kang ditujokake marang
wong akeh (manyarakat/bebrayan). Akeh tembung kang maknane padha karo sesorah
antara bya tanggap sabda, tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, lan
liya-lyane. Sanajan tegese padha, tembung-tembung mau kudu patits anggone
ngepasake. Kudu cocog karo unggah-ungguhe.
A . Maca
lan nemokake struktur lan kaidah teks sesorah
Sesorah Halalbihalal (1]
Assalamu alaikum wa
rahmatullahi wa barakatuhu, [2]
Bapak-bapak, Ibu-lbu, kaum muslimin-muslimat
ingkang satuhu kinakbekten. Minal aidzin wal faidzin. (3]
Mangga sesarengan kula
dherekaken ngonjukaken pudya puji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang
Maha Agung, Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah. [4]
Ing kalodhangan menika
keparengna kula ngadeg ing ngarsa panjenengan sadaya, saperlu ngaturaken
prekawis sakedhik gegayutan kaliyan acara "Apura ingapura" utawi
"Halalbihalal" warsa 1437 H menika. [5]
Kados ingkang sampun
kawuningan bilih minggu kapengker, umat Islam saindenging Nuswantara samya
nindakaken shalat ied (6)
Ing wekdal ingkang sae
menika mugi-mugi para kaum muslimin dalah muslimah kepareng njangkepi ibadah
siyam kanthi paring zakat fitrah. [7]
Makaten lan semanten atur kula, nyuwun
pangapunten tumrap sadaya kaladuking atur sarta muranging trapsila. [8]
Wa assalamu 'alaikum
warahmatullahi wa barakatuhu.[9]
Saka
tuladha ringkes teks sesorah ing sisih kiwa, bisa ditemokake ragangan
(struktur) bakune sesorah, kang nyakup 9 perangan, yaiku:
1. Irah-irahan
2. Salam pambuka
3. Pakurmatan
4. Purwaka basa utawa pambuka
5. Wos utawa isine sesorah
6. Andharan wose sesorah (yen prelu)
7. Pangarep-arep (pangajab)
8. Wasana basa utawa panutup
9. Salam panutup
B Nanggapi
pokok-pokok isine teks sesorah
Sesorah iku cak-cakane mung sairing, tegese
kang aktip tumindak mung kang sesorah, dene kang ngrungokake ora duwe wenang
liya kajaba mung nampa. Tanggapan marang isine sesorah ora bisa diwedharake
langsung sabubare ngrungokake sesorah, nanging milih wektu kang ngepasi.
Tatacarane wong menehi penemu tumrap isine sesorah kudu nggunakake basa kang
ngajeni utawa sopan. Supaya bisa nanggapi nganggo basa kang sopan para siswa
kudu nggatekake sapa kang sesorah mau. Kalungguhane luwih dhuwur, sababag,
utawa luwih asor tinimbang kang nanggapi. Kanthi mangkono, kang nanggapi bisa
nemtokake nganggo basa ngoko, krama, utawa krama alus.
C. Nulis
teks sesorah kanthi ragam basa padinan
Kaya
kang wis kaandharake ing ngarep menawa ragangan (struktur) wis gumathok, yaiku
irah-irahan; salam pambuka; pakurmatan; purwaka basa utawa pambuka; wos utawa
intine sesorah; andharan wose sesorah (yen prelu): pangajeng-ajeng (pangajab);
wasana basa utawa panutup; lan salam panutup.
D. Maca
teks sesorah kanthi nyuwara
Maca
kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarga ditujokake
marang wong liya kang ngrungokake, mula sapa wae kang maca kudu bisa ngucapake
kanthi: swara kang cukup, kedal kang cetha, lan unjal napas kang pener. Menawa
anggone maca adu arep karo kang ngrungokake (kayata ing televisi), kajaba
perkara telu mau katambah pamulad kang nyumadulur (komunikatif). Swara kang
cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kepenak, ora keseron
ya ora kelirihen. Kang dikarepake kedal kang cetha iku swarane tembung siji lan
sijine kudu jelas bedane. Swarane /d/, /dh/, /u, /th/, lal, lo/, /u/, lan
liya-liyane kudu cetha.Unjal napas iku yen ing basa Indonesia diarani tempo lan
penjedaan. Tempo iku gegayutan karo alon-rindhike anggone maca, dene penjedaan
iku gegayutan karo titik utawa komane anggone maça.
Sumber :
Gegaran Nyinau. Bahasa Jawa 2. Kendal XI SMA/SMK/MA
👍👍
BalasHapus👍👍
BalasHapusMantul
BalasHapusbagus
BalasHapusSangat membantuku untuk menyelesaikan PR
BalasHapusCakep
BalasHapus👍👍👍👍👍👍👍👍👍👍👍👍👍👍👍👍❤❤
BalasHapusMasuk
BalasHapus👍👍
BalasHapus👍👍
BalasHapusMaterinya lengkap
BalasHapus