PANGANAN
TRADISIONAL JAWA
Panganan tradhisional iku
panganan kang kondhang ing papan utawa dhaerah tartamtu. Saben dhaerah biasane
duwe panganan sing kondhang lan dadi ikon dhaerahe. Kayata coto lan konro ing
Makasar, rendhang ing Padhang, lan sapanunggale.
A. Maca
lan Naggapi Teks
Tumpeng
Tumpeng iku cara nyuguhake sega lan lawuh jroning
wangun bucu; amarga saka kuwi banjur diarani sega tumpeng. Olahan sega sing
dianggo umume arupa sega kuning, senadyan karep uga digunakake sega putih biasa
utawa sega uduk. Umume tumpeng disuguhake ing tampah kang arupa nampan gedhe,
bunder, saka anyaman pring. Tampahe dilemeki godhong gedhang lan sega tumpenge
dipanggonake ing tengah, diubengi lawuh lan janganan. Tumpeng biyasane dianggo
ing upacara tradhisional sing sifate seneng utawa sedhih. Tumpeng ing ritual
Jawa
B. Nemokake
nilai-nilai kang kamot ing teks Babagan kang kudu digatekake yaiku:
Tumpeng wujude lancip kang umume saka sega
kuning utawa putih;
tumpeng biasane kanggo upacara tradhisional kang sipate seneng utawa sedhih;
tumpeng biasane kanggo upacara tradhisional kang sipate seneng utawa sedhih;
3 tumpeng
minangka simbul keslametan, kesuburan, lankasejahteraan;
4 tumpeng
kang lincip nggambarake kemakmuran sing langgeng sarta pangarep-arep supaya
urip munggah lan ndhuwur.
C. Mbedhah
Isine Teks
Jadah
Saka jenenge jadah manten bisa ngemu teges
jajanan sing padatan didadekake barang gawan kanggo penganten. Pancen jadah
minangka barang gawan penganten kakung nalika badhe pinanggih penganten putri.
Jajanan iki didadekake barang gawan amerga ngemu teges supaya penganten kakung
lan penganten putri tansah lengket kaya sipat jajanan jadah kasebut.
Jadah
uga minangka jajan sing kudu ana ing acara tedhak siten. Kaya kang wis
dimangerteni, tedhak siten minagka wujud rasa syukur nalika putrane wis ngancik
umur pitung sasi. Gegayutan karo angka pitu kasebut mula jadah kang dicepakake
ana werna pitu yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, jingga, lan ungu,
babagan kasebut ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni
putra-putri, yaiku wiwit sikile napak kapisan ing donya nganti tekan diwasa
mengkone, dene werna-werna kasebut minangka gambaran urip menawa manungsa urip
kuwi akeh pepalang kang kudu diliwati. Jadah pitu ditata wiwit saka werna
peteng banjur padhang, iki nggambarake menawa prekara sing bakal dilakoni
putra-putri kasebut wiwit saka prekara sing abot tumekaning prekara sing
entheng, ateges uga sanajan abot prekarane mesthi bisa karampungake.
Isine teks ing ndhuwur, yaiku:
- Jadah minangka jajan kang padatan didadekake
barang gawan kanggo penganten
- Jadah ngemu teges supaya penganten kakung lan
penganten putri tansah lengket
- Jadah uga minangka jajan kang padatan ana ing
acara tedhak siten; V Jadah kang dicepakake ana werma pitu yaiku abang, putih,
ireng, kuning, biru, jingga, lan ungu
- Jadah
werna pitu ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni
putra-putri, yaiku wiwit sikile napak kapisan ing donya nganti tekan diwasa
mengkone, dene werna- werna kasebut minangka gambaran urip menawa manungsa urip
kuwi akeh pepalang kang kudu diliwati.
👍
BalasHapus👍👍
BalasHapusbaguss
BalasHapusSangat membantuku untuk menyelesaikan PR
BalasHapusMasuk
BalasHapus👌
BalasHapusSipp. Bermanfaat
BalasHapussipp
BalasHapusMenambah pengetahuan
BalasHapusMantappp
BalasHapus