Jumat, 17 Januari 2020


NJAGA TENTREMING
               URIP BEBRAYAN

Tembung novel asale saka basa Italia novella kang tegese sawijine crita utawa pawarta sapala/sacuwil. Dadi, novel iku sawijine crita rekan (fiksi) kang rada landhung. Menawa dibandhingake karo crita cekak, novel iki luwih dawa lan luwih genep isine.

     A.  Maca lan nanggapi isine teks crita cekak lan niteni perangan-perangane
Kaya crita rekan liyane, crita ing novel iku sumbere bisa saka kanyatan trus dibumboni, bisa uga murni saka kayalan utawa rekane pangripta/pengarange wae. Sanajan mangkono, perangan-perangan kang mbangun wutuhe novel biasane padha. Perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane prekara (tema), paraga (tokoh) lan watake paraga (penokohan), lakune crita (aluri plot), kepiye pangripta anggone nyritakake (point of view), kapan lan papan kedadeane crita kasebut (setting), lan wulangan utawa tuntunan kang ditujokake marang pamaca (amanat).
llentrehe, tema iku underane prekara kang dirembug kang dadi sumbere konflik. Tokoh lan penokohan iku gegayutan karo sapa wae kang dicritakake ing cerkak iku genep karo watake. Kayata: sabar, wicaksana, galak, judhes, lan sapanunggale. Plot iku gegayutan karo kepiye lakune crita: alure lumrah/normal/maju utawa alur mundur (inversi). Point of view utawa sudut pandang iku kalungguhane pangripta sajrone crita. Pengarange dadi paraga utama ('aku' ing crita) apa dadi paraga kang mung nyritakake ('dheweke' ing crita). Setting gegayutan karo papan lan wektune, crita iku kedadeane ana ngendi lan kapan kelakone. Dene amanat iku magepokan karo wulangan/tuladha/tuntunan kang dikandhut utawa diemot ing crita iku.

B  Nemokake tuntunan kang ana jroning teks novel lan njumbuhake karo kahanane bebrayan
 Amanat Awujude gagasan utawa gageane pangrpta/pangarang kang diajap bisa ditemokake dening para kang maca Amanat-amanat iku biasane gegayutan kara niyat utawa ptutur becik, upamane bab katresnan kaletu trena marang sasamane, tresna banga, tena budaya, lan sapanunggale Salyane Au amanat uga ana kang gegayuan karo pangbadah awa ketuhanan (religiu), setya marang nergara eotimel pendhidhkan, kabudayan, lan sapanunggale.
C.    Nulis sinopsis novel nggunakake ragam basa kang jumbuh/cocog karo konteks lan pranatan/ aturan
Sinopsis iku ringkesan isine crita, kalebu novel. Urutan lan basane sinopsis ora kudu padha karo urutan lan basa ing novel sumbere. Bakune, nalika nulis sinopsis paraga, watak, wose (intl) crita on kena beda karo sumbere, yaiku crita kang digawe sinopsis. Nadyan mengkono, urutan anggone nua sinopsis ora kudu padha karo urutan ing crita iku. Cekake rembug, sinopsis iku padha karo nyritakake maneh nganggo basamu dhewe.

         
                 D.  Naliti sinopsis novel gegayutan karo jumbuhe karo konteks lan pranatan
Naliti sinopsis ing kene mengku karep, kanca padha kanca (sameja upamane) padha bebarengan bijen-bijenan (saling menilai) sinopsis garapane. Kegiyatan kaya ngene iki umume diarani njlimeti utawa menyunting. Ing kegiyatan njlimeti iki kang dijlimeti/disunting bisa aksarane, runtute ukara, utawa tandha wacane. Prekara telu iku mau upama ana kang kleru ya dibenerake, perangan kang kurang ditambahi, lan perangan kang keladuk ya kudu disuda. Isine crita ora prelu dibenerake, amarga iku hake panganggit/pengarang kang sipate merdika (bebas). Kamardikan sajrone ngudhal gagasan iku, ing jagade kasusastran diarani lisensia poetika.



Sumber : Gegaran Nyinau. Bahasa Jawa 2. Kelas XI SMA/SMK/MA









11 komentar: