Jumat, 17 Januari 2020





MATERI BAHASA JAWA PAWARTA


PAWARTA
Ing jaman informasi iki, pawarta dadi kebutuhan kang ora bisa diendhani dening bebrayan. Pawarta iku kabar kang disebarake supaya dingerteni dening wong liya utawa wong akeh. Manawa dideleng saka saranane, ana pawarta kang nggunakake medhia cithak lan ana uga kang nggunakake medhia elektronik. Dene kang nggunakake medhia elektronik bisa katemokake ing radhio ( media audio ), televisi ( media audio-visual ), lan internet ( media sosial ).

   A.   Maca lan Nemokake isine Teks Pawarta
Maca teks pawarta kang tujuane supaya ngerti isine, bisa disaranani nganggo mangsuli pitakon kang gegayutan karo 5W + 1H, kang jlentrehe :

What          : Kadadeyan apa kang diwarta-kake/dikabarake
Who           : Sapa wae kang diwartakake
When         : Kapan wektu kalakon kada-deyan
Where        : Ing ngendi papan kelakon kadadeyan
Why           : Geneya bisa kalakon kadade-yan
How           : Kepriye mungguh kalakon kadadeyan

   B.  Nanggapi Pokok-Pokok Isine Teks Pawarta
           Supaya bisa nanggapi utawa menehi panemu gegayutan karo pawarta kang diwaca,prayogane para siswa ngerti ragangan utawa strukture pawarta. Umume, teks pawarta iku dumadi saka 4 ( patang ) perangan kang baku, yaiku headline, dateline, lead, lan blengere pawarta.
          Irah-irahane pawarta utawa ringkesan lead biasane diarani headline, gunane kanggo narik kawigatene pamaca, isine mujudake ringkesan saka sakabehe isi pawarta kang ditulis ( [ 1 ] ). Dateline isine papan lan wektu kedadeyan utawa jenenge layang kabar lan papan kedadeyan ({2}). Lead utawa emperane pawarta, isine ringkesane pawarta, gunane kanggo mbantu pamaca nemokake pokok isine pawarta ([3]). Bleger iku bukti lan dhata kang disuhuke ing lead mau ([4]).

C. Nulis Teks Pawarta kanthi Ragam Basa Kontekstual        
         Jlentrehe pawarta kang wujude fakta, dhata, lan bukti-bukti liyane iku papane ana ing perang bleger. Cara anggohe panulis nyuguhake bleger adhakane nggunake modhel piramida utawa kroroag utawa piramida kuwalik utawa uga block paragraph. 
         Modhel piramida iku yen anggone ngandharake pawarta diwiwiti saka bab kang ora pati penti nuju marang kang penting dhewe. Dene yen pawarta dijlentrehake saka perangan kang penting dhew lagi katrangan-katrangan kang ora pati penting, iku tegese nggunakake modhel piramida kuwal Modhel kronologis cara ngandharake pawarta kang njlentrehake kedadeyan saka wiwitan ngar pungkasan kanthi urut lan genep. Dene modhel black paragraph ora mentingake perangan s thake oerancan livane. Ina kene, kabeh perangan dianggep padha pentinge.

D. Maca Teks Pawarta kanthi Nyuwara
          Maca kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarga ditujokake marang wong liya kang ngrungokake, mula sapa wae kang maca kudu bisa maca kanthi: swara kang cukup, kedal kang cetha, lan unjal napas kang pener. Manawa anggone maca adu arep karo kang ngrungokake (kayata ing televis), kajaba prekara telu mau katambah pamulad kang nyumadulur (komunikati). 
          Swara kang cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kepenak, ora keseron ya ora kelirihen. Kang dikarepake kedal kang cetha iku swarane tembung siji lan sijine kudu jelas bedane     Swarane /d/, /dh/, /t, /th/, a/, /o/,/u/ liya-liyane kudu cetha. Unjal napas iku yen ing basa Indonesia diarani tempo lan penjedaan. Tempo iku gegayutan karo alon-rindhike anggone maca, dene penjedaan iku gegayutan karo titik utawa komane anggone maca.








 sumber : Gegaran Nyinau. Bahasa Jawa 1. Kelas X SMA/SMK/MA























  














14 komentar: