Jumat, 17 Januari 2020


Alam Sawegung


Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae.

A Maca lan nanggapi ine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane
 Supaya bia nemokake iine geguritan bia dakoni kanthi cara ing ngsor iki.
a.       Maca kanthi premati, yen preku dibelan baleni
b.      Nggatekake ubungane larik i lan sijine, barr menehi tandha ngano ()    utawa sigeg (//)
c.       Golekana tegee tembung tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utema lambang
d.      Golekana prsen utawa amarat kang dikarepake dening panyparite
e.       Tambahana tembung utawa wanda saga ukarane bisa cetha lan bisa ditermokake karepe.

Menawa cara cara kasetut wn kolakoni, mesthi bisa kotemokake isine geguritan. Kanthi mente apik, endah, mengko para a barur bisa menhi panemu. Panemu iku bisa setuju (sanujuk), bia ora wetua, baa nyengyung lan ba uga menehi panemu kang sipate kosok balen (herlowana )


Apa Bedane
hening Su Yatmono

 Apa bedane prosa karo puisi
 bedane ana ati apa bedane ati
 apa bedane ati karo gori
 bedane mung prakara bumbune
 bedane apa bumbune karo sing dibumboni
 bedane rak mung ana ing wadhah

 apa bedane wadhah karo sing diwadhahi
 kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa
 Iha apa bedane manungsa karo kewan
 ah iku urusane Pangeran
 (Mbangun Tuwuh, angka 138)


B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan   njumbuhake karo kahanane bebrayan

Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedhih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan karo kahanan.

C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan

 Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, prelu kogatekake bab-bab kaya mengkene.

a.       Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru wilangan, guru lagu, lan a. sapanunggale.
b.      Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik.
c.       Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggale).
d.      Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale



19 komentar:

  1. Sangat membantuku untuk menyelesaikan PR

    BalasHapus
  2. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus