Jumat, 17 Januari 2020


Alam Sawegung


Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae.

A Maca lan nanggapi ine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane
 Supaya bia nemokake iine geguritan bia dakoni kanthi cara ing ngsor iki.
a.       Maca kanthi premati, yen preku dibelan baleni
b.      Nggatekake ubungane larik i lan sijine, barr menehi tandha ngano ()    utawa sigeg (//)
c.       Golekana tegee tembung tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utema lambang
d.      Golekana prsen utawa amarat kang dikarepake dening panyparite
e.       Tambahana tembung utawa wanda saga ukarane bisa cetha lan bisa ditermokake karepe.

Menawa cara cara kasetut wn kolakoni, mesthi bisa kotemokake isine geguritan. Kanthi mente apik, endah, mengko para a barur bisa menhi panemu. Panemu iku bisa setuju (sanujuk), bia ora wetua, baa nyengyung lan ba uga menehi panemu kang sipate kosok balen (herlowana )


Apa Bedane
hening Su Yatmono

 Apa bedane prosa karo puisi
 bedane ana ati apa bedane ati
 apa bedane ati karo gori
 bedane mung prakara bumbune
 bedane apa bumbune karo sing dibumboni
 bedane rak mung ana ing wadhah

 apa bedane wadhah karo sing diwadhahi
 kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa
 Iha apa bedane manungsa karo kewan
 ah iku urusane Pangeran
 (Mbangun Tuwuh, angka 138)


B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan   njumbuhake karo kahanane bebrayan

Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedhih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan karo kahanan.

C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan

 Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, prelu kogatekake bab-bab kaya mengkene.

a.       Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru wilangan, guru lagu, lan a. sapanunggale.
b.      Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik.
c.       Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggale).
d.      Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale




SUKUR marang GUSTI
       ikun WAJIB


Sesorah ku tembung lya saka pidhato. Pidhato ku medharake gagasan sarana lesan kang ditujokake marang wong akeh (manyarakat/bebrayan). Akeh tembung kang maknane padha karo sesorah antara bya tanggap sabda, tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liya-lyane. Sanajan tegese padha, tembung-tembung mau kudu patits anggone ngepasake. Kudu cocog karo unggah-ungguhe.

    A .  Maca lan nemokake struktur lan kaidah teks sesorah

Sesorah Halalbihalal (1]

Assalamu alaikum wa rahmatullahi wa barakatuhu, [2]
 Bapak-bapak, Ibu-lbu, kaum muslimin-muslimat ingkang satuhu kinakbekten. Minal aidzin wal faidzin. (3]

Mangga sesarengan kula dherekaken ngonjukaken pudya puji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah. [4]

Ing kalodhangan menika keparengna kula ngadeg ing ngarsa panjenengan sadaya, saperlu ngaturaken prekawis sakedhik gegayutan kaliyan acara "Apura ingapura" utawi "Halalbihalal" warsa 1437 H menika. [5]

Kados ingkang sampun kawuningan bilih minggu kapengker, umat Islam saindenging Nuswantara samya nindakaken shalat ied (6)

Ing wekdal ingkang sae menika mugi-mugi para kaum muslimin dalah muslimah kepareng njangkepi ibadah siyam kanthi paring zakat fitrah. [7]

 Makaten lan semanten atur kula, nyuwun pangapunten tumrap sadaya kaladuking atur sarta muranging trapsila. [8]

Wa assalamu 'alaikum warahmatullahi wa barakatuhu.[9]

Saka tuladha ringkes teks sesorah ing sisih kiwa, bisa ditemokake ragangan (struktur) bakune sesorah, kang nyakup 9 perangan, yaiku:
 1. Irah-irahan
 2. Salam pambuka
 3. Pakurmatan
 4. Purwaka basa utawa pambuka
 5. Wos utawa isine sesorah
 6. Andharan wose sesorah (yen prelu)
 7. Pangarep-arep (pangajab)
 8. Wasana basa utawa panutup
 9. Salam panutup

     B   Nanggapi pokok-pokok isine teks sesorah
 Sesorah iku cak-cakane mung sairing, tegese kang aktip tumindak mung kang sesorah, dene kang ngrungokake ora duwe wenang liya kajaba mung nampa. Tanggapan marang isine sesorah ora bisa diwedharake langsung sabubare ngrungokake sesorah, nanging milih wektu kang ngepasi. Tatacarane wong menehi penemu tumrap isine sesorah kudu nggunakake basa kang ngajeni utawa sopan. Supaya bisa nanggapi nganggo basa kang sopan para siswa kudu nggatekake sapa kang sesorah mau. Kalungguhane luwih dhuwur, sababag, utawa luwih asor tinimbang kang nanggapi. Kanthi mangkono, kang nanggapi bisa nemtokake nganggo basa ngoko, krama, utawa krama alus.

      C.  Nulis teks sesorah kanthi ragam basa padinan
            Kaya kang wis kaandharake ing ngarep menawa ragangan (struktur) wis gumathok, yaiku irah-irahan; salam pambuka; pakurmatan; purwaka basa utawa pambuka; wos utawa intine sesorah; andharan wose sesorah (yen prelu): pangajeng-ajeng (pangajab); wasana basa utawa panutup; lan salam panutup.

    
D.  Maca teks sesorah kanthi nyuwara
Maca kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarga ditujokake marang wong liya kang ngrungokake, mula sapa wae kang maca kudu bisa ngucapake kanthi: swara kang cukup, kedal kang cetha, lan unjal napas kang pener. Menawa anggone maca adu arep karo kang ngrungokake (kayata ing televisi), kajaba perkara telu mau katambah pamulad kang nyumadulur (komunikatif). Swara kang cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kepenak, ora keseron ya ora kelirihen. Kang dikarepake kedal kang cetha iku swarane tembung siji lan sijine kudu jelas bedane. Swarane /d/, /dh/, /u, /th/, lal, lo/, /u/, lan liya-liyane kudu cetha.Unjal napas iku yen ing basa Indonesia diarani tempo lan penjedaan. Tempo iku gegayutan karo alon-rindhike anggone maca, dene penjedaan iku gegayutan karo titik utawa komane anggone maça.


Sumber : Gegaran Nyinau. Bahasa Jawa 2. Kendal XI SMA/SMK/MA



NJAGA TENTREMING
               URIP BEBRAYAN

Tembung novel asale saka basa Italia novella kang tegese sawijine crita utawa pawarta sapala/sacuwil. Dadi, novel iku sawijine crita rekan (fiksi) kang rada landhung. Menawa dibandhingake karo crita cekak, novel iki luwih dawa lan luwih genep isine.

     A.  Maca lan nanggapi isine teks crita cekak lan niteni perangan-perangane
Kaya crita rekan liyane, crita ing novel iku sumbere bisa saka kanyatan trus dibumboni, bisa uga murni saka kayalan utawa rekane pangripta/pengarange wae. Sanajan mangkono, perangan-perangan kang mbangun wutuhe novel biasane padha. Perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane prekara (tema), paraga (tokoh) lan watake paraga (penokohan), lakune crita (aluri plot), kepiye pangripta anggone nyritakake (point of view), kapan lan papan kedadeane crita kasebut (setting), lan wulangan utawa tuntunan kang ditujokake marang pamaca (amanat).
llentrehe, tema iku underane prekara kang dirembug kang dadi sumbere konflik. Tokoh lan penokohan iku gegayutan karo sapa wae kang dicritakake ing cerkak iku genep karo watake. Kayata: sabar, wicaksana, galak, judhes, lan sapanunggale. Plot iku gegayutan karo kepiye lakune crita: alure lumrah/normal/maju utawa alur mundur (inversi). Point of view utawa sudut pandang iku kalungguhane pangripta sajrone crita. Pengarange dadi paraga utama ('aku' ing crita) apa dadi paraga kang mung nyritakake ('dheweke' ing crita). Setting gegayutan karo papan lan wektune, crita iku kedadeane ana ngendi lan kapan kelakone. Dene amanat iku magepokan karo wulangan/tuladha/tuntunan kang dikandhut utawa diemot ing crita iku.

B  Nemokake tuntunan kang ana jroning teks novel lan njumbuhake karo kahanane bebrayan
 Amanat Awujude gagasan utawa gageane pangrpta/pangarang kang diajap bisa ditemokake dening para kang maca Amanat-amanat iku biasane gegayutan kara niyat utawa ptutur becik, upamane bab katresnan kaletu trena marang sasamane, tresna banga, tena budaya, lan sapanunggale Salyane Au amanat uga ana kang gegayuan karo pangbadah awa ketuhanan (religiu), setya marang nergara eotimel pendhidhkan, kabudayan, lan sapanunggale.
C.    Nulis sinopsis novel nggunakake ragam basa kang jumbuh/cocog karo konteks lan pranatan/ aturan
Sinopsis iku ringkesan isine crita, kalebu novel. Urutan lan basane sinopsis ora kudu padha karo urutan lan basa ing novel sumbere. Bakune, nalika nulis sinopsis paraga, watak, wose (intl) crita on kena beda karo sumbere, yaiku crita kang digawe sinopsis. Nadyan mengkono, urutan anggone nua sinopsis ora kudu padha karo urutan ing crita iku. Cekake rembug, sinopsis iku padha karo nyritakake maneh nganggo basamu dhewe.

         
                 D.  Naliti sinopsis novel gegayutan karo jumbuhe karo konteks lan pranatan
Naliti sinopsis ing kene mengku karep, kanca padha kanca (sameja upamane) padha bebarengan bijen-bijenan (saling menilai) sinopsis garapane. Kegiyatan kaya ngene iki umume diarani njlimeti utawa menyunting. Ing kegiyatan njlimeti iki kang dijlimeti/disunting bisa aksarane, runtute ukara, utawa tandha wacane. Prekara telu iku mau upama ana kang kleru ya dibenerake, perangan kang kurang ditambahi, lan perangan kang keladuk ya kudu disuda. Isine crita ora prelu dibenerake, amarga iku hake panganggit/pengarang kang sipate merdika (bebas). Kamardikan sajrone ngudhal gagasan iku, ing jagade kasusastran diarani lisensia poetika.



Sumber : Gegaran Nyinau. Bahasa Jawa 2. Kelas XI SMA/SMK/MA










PANGANAN TRADISIONAL JAWA

Panganan tradhisional iku panganan kang kondhang ing papan utawa dhaerah tartamtu. Saben dhaerah biasane duwe panganan sing kondhang lan dadi ikon dhaerahe. Kayata coto lan konro ing Makasar, rendhang ing Padhang, lan sapanunggale.

    A.   Maca lan Naggapi Teks
Tumpeng

      Tumpeng iku cara nyuguhake sega lan lawuh jroning wangun bucu; amarga saka kuwi banjur diarani sega tumpeng. Olahan sega sing dianggo umume arupa sega kuning, senadyan karep uga digunakake sega putih biasa utawa sega uduk. Umume tumpeng disuguhake ing tampah kang arupa nampan gedhe, bunder, saka anyaman pring. Tampahe dilemeki godhong gedhang lan sega tumpenge dipanggonake ing tengah, diubengi lawuh lan janganan. Tumpeng biyasane dianggo ing upacara tradhisional sing sifate seneng utawa sedhih. Tumpeng ing ritual Jawa

    B.   Nemokake nilai-nilai kang kamot ing teks Babagan kang kudu digatekake yaiku:
                 Tumpeng wujude lancip kang umume saka sega kuning utawa putih;
            tumpeng biasane kanggo upacara tradhisional kang sipate seneng utawa sedhih;
3        tumpeng minangka simbul keslametan, kesuburan, lankasejahteraan;
4         tumpeng kang lincip nggambarake kemakmuran sing langgeng sarta pangarep-arep supaya urip   munggah lan ndhuwur.

    C.   Mbedhah Isine Teks
Jadah
 Saka jenenge jadah manten bisa ngemu teges jajanan sing padatan didadekake barang gawan kanggo penganten. Pancen jadah minangka barang gawan penganten kakung nalika badhe pinanggih penganten putri. Jajanan iki didadekake barang gawan amerga ngemu teges supaya penganten kakung lan penganten putri tansah lengket kaya sipat jajanan jadah kasebut.
Jadah uga minangka jajan sing kudu ana ing acara tedhak siten. Kaya kang wis dimangerteni, tedhak siten minagka wujud rasa syukur nalika putrane wis ngancik umur pitung sasi. Gegayutan karo angka pitu kasebut mula jadah kang dicepakake ana werna pitu yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, jingga, lan ungu, babagan kasebut ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni putra-putri, yaiku wiwit sikile napak kapisan ing donya nganti tekan diwasa mengkone, dene werna-werna kasebut minangka gambaran urip menawa manungsa urip kuwi akeh pepalang kang kudu diliwati. Jadah pitu ditata wiwit saka werna peteng banjur padhang, iki nggambarake menawa prekara sing bakal dilakoni putra-putri kasebut wiwit saka prekara sing abot tumekaning prekara sing entheng, ateges uga sanajan abot prekarane mesthi bisa karampungake.

 Isine teks ing ndhuwur, yaiku:
-  Jadah minangka jajan kang padatan didadekake barang gawan kanggo     penganten
-  Jadah ngemu teges supaya penganten kakung lan penganten putri tansah lengket
-  Jadah uga minangka jajan kang padatan ana ing acara tedhak siten; V Jadah kang                      dicepakake ana werma pitu yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, jingga, lan ungu
            -  Jadah werna pitu ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni putra-putri,                      yaiku wiwit sikile napak kapisan ing donya nganti tekan diwasa mengkone, dene werna-                      werna kasebut minangka gambaran urip menawa manungsa urip kuwi akeh pepalang kang                  kudu diliwati.






 Sumber : Gegaran Nyinau,Bahasa Jawa 1, Kelas X SMA/SMK/MA 











MATERI BAHASA JAWA PAWARTA


PAWARTA
Ing jaman informasi iki, pawarta dadi kebutuhan kang ora bisa diendhani dening bebrayan. Pawarta iku kabar kang disebarake supaya dingerteni dening wong liya utawa wong akeh. Manawa dideleng saka saranane, ana pawarta kang nggunakake medhia cithak lan ana uga kang nggunakake medhia elektronik. Dene kang nggunakake medhia elektronik bisa katemokake ing radhio ( media audio ), televisi ( media audio-visual ), lan internet ( media sosial ).

   A.   Maca lan Nemokake isine Teks Pawarta
Maca teks pawarta kang tujuane supaya ngerti isine, bisa disaranani nganggo mangsuli pitakon kang gegayutan karo 5W + 1H, kang jlentrehe :

What          : Kadadeyan apa kang diwarta-kake/dikabarake
Who           : Sapa wae kang diwartakake
When         : Kapan wektu kalakon kada-deyan
Where        : Ing ngendi papan kelakon kadadeyan
Why           : Geneya bisa kalakon kadade-yan
How           : Kepriye mungguh kalakon kadadeyan

   B.  Nanggapi Pokok-Pokok Isine Teks Pawarta
           Supaya bisa nanggapi utawa menehi panemu gegayutan karo pawarta kang diwaca,prayogane para siswa ngerti ragangan utawa strukture pawarta. Umume, teks pawarta iku dumadi saka 4 ( patang ) perangan kang baku, yaiku headline, dateline, lead, lan blengere pawarta.
          Irah-irahane pawarta utawa ringkesan lead biasane diarani headline, gunane kanggo narik kawigatene pamaca, isine mujudake ringkesan saka sakabehe isi pawarta kang ditulis ( [ 1 ] ). Dateline isine papan lan wektu kedadeyan utawa jenenge layang kabar lan papan kedadeyan ({2}). Lead utawa emperane pawarta, isine ringkesane pawarta, gunane kanggo mbantu pamaca nemokake pokok isine pawarta ([3]). Bleger iku bukti lan dhata kang disuhuke ing lead mau ([4]).

C. Nulis Teks Pawarta kanthi Ragam Basa Kontekstual        
         Jlentrehe pawarta kang wujude fakta, dhata, lan bukti-bukti liyane iku papane ana ing perang bleger. Cara anggohe panulis nyuguhake bleger adhakane nggunake modhel piramida utawa kroroag utawa piramida kuwalik utawa uga block paragraph. 
         Modhel piramida iku yen anggone ngandharake pawarta diwiwiti saka bab kang ora pati penti nuju marang kang penting dhewe. Dene yen pawarta dijlentrehake saka perangan kang penting dhew lagi katrangan-katrangan kang ora pati penting, iku tegese nggunakake modhel piramida kuwal Modhel kronologis cara ngandharake pawarta kang njlentrehake kedadeyan saka wiwitan ngar pungkasan kanthi urut lan genep. Dene modhel black paragraph ora mentingake perangan s thake oerancan livane. Ina kene, kabeh perangan dianggep padha pentinge.

D. Maca Teks Pawarta kanthi Nyuwara
          Maca kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarga ditujokake marang wong liya kang ngrungokake, mula sapa wae kang maca kudu bisa maca kanthi: swara kang cukup, kedal kang cetha, lan unjal napas kang pener. Manawa anggone maca adu arep karo kang ngrungokake (kayata ing televis), kajaba prekara telu mau katambah pamulad kang nyumadulur (komunikati). 
          Swara kang cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kepenak, ora keseron ya ora kelirihen. Kang dikarepake kedal kang cetha iku swarane tembung siji lan sijine kudu jelas bedane     Swarane /d/, /dh/, /t, /th/, a/, /o/,/u/ liya-liyane kudu cetha. Unjal napas iku yen ing basa Indonesia diarani tempo lan penjedaan. Tempo iku gegayutan karo alon-rindhike anggone maca, dene penjedaan iku gegayutan karo titik utawa komane anggone maca.








 sumber : Gegaran Nyinau. Bahasa Jawa 1. Kelas X SMA/SMK/MA